InspirasiOpini

Ali Faisal: Pilkada Kule

Saking: Ali Faisal

Milet berag kelawan keputusane pemda kota Cilegon, sing kang sampun ngewajibaken ingdalem saban dinten kemis kedah ngenggih base jawe Banten. Keputusan puniki sing sampun tercatet ingdalem Peraturan Walikota Cilegon Nomor 57 tahun 2017, perihal penggunaan, pemeliharaan, pengembangan bahasa, dan sastra Jawa Cilegon. Rase berag kule puniki ayun kule tulisaken sios artikel sing ngomongaken masalah pemilihan kepala daerah (pilkada), uge kule kaitaken sereng pengawasane, tulisan niki sedanten ngenggih basa Jawe Banten (Cilegon). Menawi tulisan niki dados ngedamel pemecut kangge dulur-dulur sedanten saking masalah bahasane atanapi isi pembahasne puniki. Kepengen kule malih menawi dados salah sios usahe kanggo ngencengaken ceciren kule wong kampung ingdalem griye gede sing kasihe Indonesia kelawan Bhineka Tunggal Ika.

Sing sampun kule uningi sedanten, bahwe dasare negare piniki ngelaksanakaken pilkada puniku kerane wenten amanat saking pasal 18 ayat (4) UUD 1945, sing munine meketen “Gubernur, Bupati lan Walikota masing-masing sebagai kepala pemerintah daerah Provinsi, Kabupaten dan Kota dipilih secara demokratis”, senajan kata “demokratis” sing sampun ti sebut ning duhur wau nike boten jentreh bahwe Gubernur, Bupati lan Walikota kedah dilakoni sereng pemilihan langsung sepertos aturan sing ngetur maslalah pemilhan presiden. Tapi kerane sampun wenten ketegesan saking DPR lan Presiden bahwa Gubernur, Bupati lan Walikota puniku kedah dipilih secare langsung.

Undang-undang Nomor 8 tahun 2015 tentang perubahan atas Undang-undang Nomor 1 tahun 2015 tentang penetapan Peraturan Pemerintah Pengganti Undang-undang Nomor 1 tahun 2014 tentang pemilihan Gubernur, Bupati dan Walikota menjadi undang-undang. Ditegesaken ingdalen pasal 1 (sios) ““Pemilihan Gubernur dan Wakil Gubernur, Bupati dan Wakil Bupati  serta Walikota dan Wakil Walikota yang selanjutnya di sebut pemilihan adalah pelaksanaan kedaulatan rakyat secara langsung dan demokratis”.  Dados urusan pilkada langsung punike secare aturan sampun sesuai sereng pirang-pirang aturan sing berlaku ning negare puniki.

Pilkada sing demokratis puniku penting, kerane care puniki pened kangge nentokaken sing kedah nerusaken pemimpin kule sedanten, sinten saos sing ayun dados pemimpin, istilahe punike kepala daerah, mangke kedah di lakoni supados damai lan tentrem, limang tahun sepisan sekeperipun diatur maring undang-undange. Kerane kule puniki wong Indonesia, termasuk Banten. Indonesia puniku kasiye negara hukum, cepe bahase Belandane Rechstaat, peripun artine puniki istilah? Enggih puniku negare sing ngedadosaken hukum kanggo panglima, segale-gale kedah sesuai sereng hukum, hukum sing dados patokan. Dede negara kekuasaan atawe istilah Belandane machstaat, enggih puniku negara sing ngedadosaken kekuasaan kangge panglima, sehingge sinten saos sing berkuase aturane milet sing kuase niku, Indonesia dede mekoten, Indonesia mah peripun hukum. Punikulah inti sari saking maknane pasal 1 UUD 1945.

Kaitane sereng pemilihan, sing sekeripun sampun ditegesaken ingdalem UUD 1945 puniku, semenjak tulisan niki ti damel, enggih puniku tanggal 21 Desember 2017, mangke artine puniku bahwe kirang lebih nem wulan malih, tepate tanggal (27) pitulikur juni 2018, patang Kabupaten lan Kote ning Provinsi Banten, enggih puniku Kota Serang, Kota Tangerang, Kabupaten Tangerang lan Kabupaten Lebak ayun ngelaksanakaken pilkada serentak sing gelombang 3 (telu).

Peripun carane supados pilkada puniku bangkit demokratis? Seboten-botene wenten 5 (limang) syarate, nape syarate puniku?. Sios, kedah wenten aturan sing bagus, jelas lan teges. Aturan puniki penting, kerane kangge sing ngatur lan sing bangkit ngendalekaken kangge jalane pilkada puniku, aturan sing seimbang lan boten berat sebelah, lan boten multi tafsir artine kata maknane sehingge boten jelas.

Syarat ke kalih, enggih puniku, sinten saos sing ayun milet kontes pilkada, sinten bae niku? Diantarane partai politik, para kandidat bakal calon kepale daerah sing berangkat pencalonane saking partai uge calon sing perseorangan. Sinten saos sing derebe niat ayun nyalon dados bupati atanapi walikota kedahe deweke niku wong sing bagus, bagus akhlake, agamane, sosiale, bagus keluargene lan pilihan partaye (kompetensi) lan derebe kelayakan kangge bakale dipilih sereng masyarakat. Masyarakat tiisungi pilihan calon-calon pemimpin sing bagus-bagus, sehingge kata alternative pilihan salah sios sing bagus diantarane wong bagus berkualitas, dados sintene saos sing kepilih, nikulah wong bagus.

Ketelu, pemilih sing cerdas. Pemilih sing cerdas puniku sing peripun? Enggih puniku pemilih sing tiyakini dados jalan keluar kangge ngilari pemimpin sing bener-bener pened. Antuk boten kule memilih kelawan pertimbangan kerane sami ideologine sereng candidate? Jawabane antuk.  Antuk boten kule memilih pemimpin kerane dasar sami partai politik sereng kandidat pemimpin niku? Jawabane antuk. Antuk boten kule memilih kerane wong sekampung sereng calon pemimpine punike? Jawabane antuk. Asal syarate memang si calon puniku memang derebe kemampuan, kecerdasan lan bakale sanggup dadi imam wong sedanten.

Sedanten alesan bangkit memilih kerane alsan sing sampun wau tisebut, apekah kesamaan ideology, afiliasi partai atanapi tetangge. Alasan sing utame kangge memilih pemimpin enggih puniku alasan objektif lan rasional sing ayun ngebakte kemaslahatan kanggo sedanten ummat. Sehinggane lamun kelebah tiken milih pilihane enggih puniku objektif rasional, napik dados pemilih transaksional, pemilih bayaran, memilih kerane wenten imbalance, lah nikilah sing bakale dados korupsi, kolusi lan nepotisme puniku, kerane pikirane sing sampun ngenggih duit mah peripun balik modal saos.

Syarat kepapat, enggih puniku, birokrasi sing kedah netral, birokrasi niki uwongi disebut pegawai negeri sipil, kerane PNS puniku kedah mengabdi kangge negare mangkane undang-undang ngelarang PNS memilitan masalah politik, apik malih sampe ngajak-ngajak sing liane kangge ngedung calon tertentu, ngedamel kebijakan sing nguntungaken salah sios kandidat atanapi pentahana, atanapi sampe milet kampanye. Sampun kata cerite ning Banten puniki soal PNS sing terlibat dukung mendukung. Mangkane kanggo pilkada 2018 lan pemilu 2019 sampun kedah ti rirenaken kebiasaan meketen niki. Tapi lamun jeh maler wenten mangke engkin bangkit tip roses sereng Badan Pengawas Pemilu. Selanjute engkin di bakte kangge diproses lan diputus sereng komisi aparatur sipil negara (KASN), lamun terbukti ti ukum sing mulai ringan, sedang, berat sampe ti rirenaken saking pedamel PNS.

Syarat kelime dipune pilkada puniku demoratis enggih puniku penyelenggara pemilu diantarane KPU, Prov, Kab/Kota sampai KPPS lan Bawaslu, Prov, Kab/Kota sampai Pengawas TPS sedanten puniki kedah bangkit dipercanten. Demokrasi sing ti awali saking penyelenggaran pilkada, kedahe ngehasilaken pemimpin sing pened. Lan, pilkada sing pened ti awali saking penyelenggara sing pened. Penyelenggara kedah derebe sifat kejujuran, mandiri, adil, akuntabel, berkepastian hukum, aksestabilitas, tertib, terbuka, professional, proporsional, efektif, efisien dan kepentingan umum. Sedanten sifat puniki kedah ti damel kebiasaan, sehingge nerap maring jiwane, lamun sampun diterapaken Insya Allah pilkada pasti kepetuk kehebatane, lan pasti kepetuk pemimpin sing sesuai sereng kepengen masyarakat, pemimpin sing boten ngelakokaken korupsi.

Upaye kanggo ngedamel pilkada sing dipune bangkit pened terus tiupayakaken, cuman memang wenten saos sing nyeleket mah, ngilari celah, lamun lagi meleng langsung bae ngelakokaken kecurangan, kerane puniku Badan Pengawas Pemilu (Bawaslu) wenten ning tengah dulur-dulur sedanten, kehadiran kule puniki kangge ngawasi sintene saos sing nyeleket, sing sampun ngelanggar undang-undang lan aturan sing sanes.

Bawaslu ingdalem tugas pengawasane ngende ti batos sereng masyarakat sedanten, kerane kulane sadar, lamun jeh masyarakat meneng saos lan boten peduli, mangke bawaslu kuwalahan lan hasile boten efektif. Kule sedanten derebe kewajiban kanggo ningkatake pilkada sing wenten ning arep kedah lebih bagus saking sing sampun dilaksanakaken, pened proses procedural uge pened substansial.  Sloga “Bersam Rakyat Awasi Pemilu” kedah kule maknai sebagey kerje bebarengan kangge metuki target pengawasan partisipatif, enggih puniku sing utamane ngedamel pencehahan pelanggaran lan kejahatan pemilu.

Ning pundi saos wenten pilkada, sering kepireng isu-isu krusial sing kedah diawasi, diantarane enggih puniku daftar pemilih, kampanye, dana kampanye, logistik atanapi pungut hitung. Kule ngedo’e menawi pilkada ning papat Kabupaten/Kota ning Provinsi Banten taun 2018 diterusaken sereng pemilu 2019 bangkit diisungi kelancaran lan ngedalaken pemimpin sing bener-bener pened, kule buktikaken bahwe kule sedanten ummat bermarwah, nyambut tagline KPU Kabupaten lebak. Hayuu Cerdas Memilih dan Cerdas Memimpin.

Flores, 21 Desember 2017


Ali Faisal, adalah Pimpinan Badan Pengawas Pemilu (Bawaslu) Provinsi Banten periode 2017-2022.

Editor:

Tulisan yang Tak Kalah Menarik

Back to top button